Urip Bebojoan (APES)
Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi. Pas sampek pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor....
Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung. Tapi mergo pacare giras, Akhire Gempil nyerah... Wes mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh, Gempil sampek glagepen, ampun-ampun gak kuat maneh.. Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.
Pas katene nyumet rokok, sokok kadhoan Gempil ndelok onok wong lagi ndongkrak ganti ban bocor...
Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe jenenge Muntiyadi, Wah ketepakan iki pikire Gempil...
"He Mun !!, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene" takok Gempil
"Lho Awakmu pil, Pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan gak oleh-oleh
malah ban_ku bocor pisan" jare Muntiyadi
"Wah ketepakan lek ngono, aku wes oleh gendakan, ayu semlohe, cumak girase gak ketulungan, Wes oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler aku. Wes ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, motormu tak genti ban_ne terus tak gowo muleh, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montor_ku iku, mengko montorku gowoen pisan" Jare Gempil
"Wah tepak wes, Sip!!!" jare Muntiyadi sueneng poll Gempil yo lego isok mulih.
Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro "He!! Lagi opo awakmu nang kono?" Takok wong kampung mbentak Muntiyadi.
"Anu pak... aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah" jare Muntiyadi gemeter
"Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe?" jare wong kampung maneh
"Anu pak... sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan nyentolopi raine..." jare Muntiyadi
Seng Tabah Dik...
Onok napi ucul soko LP Medaeng. Napine iku wes dipenjara 10 taon. Amergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang omahe Muntiyadi. Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambi bojone, Arek loro iku kuaget..!! onok wong sangar mlebu nang omahe. Durung sempet mbengok, napi iku mau wes nyancang Muntiyadi ambek bojone... Muntiyadi di_cancang nang kursi, lha bojone di_cancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone...Mari ngelamuti, moro-moro napi iku ngalih lungo nang njedhing... Pas napi_ne nang njedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.
"Dik, wong iku koyone gak tau ndelok wong wedhok pirang puluh taun., Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti. Saiki ngene ae dhik!! awakmu nuruto ae karepe wong iku... Umpomo wong iku njaluk main yo wes, tak relakno. Seng penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok selamet... Sing tabah yo dhik.!!" Jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone
Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito ..."Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono... Sampeyan bener Cak, wong iku wis suwi gak tau ndhelok wong wedhok!! Tapi cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau asline bisik-bisik nang aku" Jare Bojone. "Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu??" Takok Muntiyadi penasaran
"Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok aku nang endhi nyimpen HandBody... Seng tabah yo Cak..."
0 komentar:
Posting Komentar